Showing posts with label fiksi. Show all posts
Showing posts with label fiksi. Show all posts

Monday, July 6, 2015

Cerita fiksi

Cerita fiksi versi jawa
Cak Paul saat dolan nang Mbah Karyo tahun 2030.

󾆤"Mbah.. Kados pun di  kabaripun? Kulo Paul ..konco Radit, kemutan mbiyen?.

󾆧"Oh.., iyo, ayo lungguh kene le.." Jare mbah Karyo.
Pas ngobrol, nang mejo ono kacang mete sak toples..

󾆤"Mbah, kulo ngincipi metene nggih ?"  Paul omong

󾆧"Iyo, iyooo, jupuken wae.."

Sangking enake ngobrol, ora kroso Paul wis ngentekne mete sak toples...

󾆤"Wah Mbah, nuwun sewu mete nipun telas. Nyuwun ngapunten nggih ..."

󾆧"Ora popo le.. Aku yo ora iso mangan kok, untu ku wis ompong ora tedas mamah. Syukur  nek iso entek. Wis suwe lehku nglumpuk'ke iku..."

󾆤"Oo.... ngasto piyambak to Mbah?"

󾆧"Ora kok..., kuwi seko coklat Silverqueen. Tak emut nganti entek coklate, garek metene thok tak klumpukno...dadi sak toples iku, nek mbok entekno yo alhamdulillah"󾌱