Saturday, August 4, 2012

Suroboyo soko solo

"Si Gito arep lungo nang omahe pakdene neng Suroboyo soko Solo,  karo mbokne diterno nyegat bis....

Kenek : Suroboyo bu ??

mBokne Gito : Pak.. Njaluk tulung, mengko yen wis tekan nJombang, dikandhani ya bocahe iki ..!! (Ngomong karo ngunggahno si Gito nang bis)

Kenek : nJombang..?? ... iyo...iyo... tariiiiiik !!!

# Neng tengah ndalan, si Gito takon nang kenek bus : wes tekan nJombang, lik ??

Kenek : durung !! Sik suwe le...

# ga suwe, si Gito takon maneh: wes tekan nJombang opo durung ??

Kenek : durung lee !!.... Sik suwee ...!!

# si Gito takon terus nang kenek, sampe kesel akhire keturon. Bis terus tancap gas nang arah Sby,,, ra kroso bis wis tekan Mojokerto. Si kenek bus lg eling. nJombang wes klewat #

Kenek : (ngomong nang supir) aduh kang... kok aku kroso dosa nang bocah kui !! (Nduding si Gito sing lagi turu )

Supir : lah knopo toh?

Kenek : pas munggah bus mau diamanahi mbokne, yen wes tekan nJombang bocahe njaluk dikandhani !!

Supir : waah lah piye sih kowe kui ?? nJombang rak wis klewat toh!! (Sopir bingung)
# untunge si sopir bis gelem mbalik nang nJombang, sakwise njaluk persetujuan penumpang liyane amargo mesakke si Gito. Akhire bis tekan nJombang.... Si kenek nggugah si Gito #

Kenek: le.... Le.... Tangi !! Wes tekan nJombang kii .... (Karo nggoyak2 si Gito)

Gito: (njenggirat).... Wis teko nJombang lik??? (Karo grusa grusu mbukak kantong, ngetokke sangune, sego lawuh iwak asin )

Kenek : arep mudhun kene le???

Gito: ora lik ... Kan aku arep nang Suroboyo, cuman mbokku pesen, yen arep mbukak sangune sego bungkus nang nJombang wae.... !!! (Karo muluk sego didulitke sambel).

Jare kenek + supir + para penumpang: "JAN WEDHUS TENANNNNN !!!!!!! TIWAS MBALIK ADOH2 MUK AREP NGUNTAL SEGO KUCING" =)) =)) =))

No comments:

Post a Comment

Monggo..
silahkan di isi komentarnya..
Siapapun boleh, en gak di gigit balik kok..