Tuesday, July 12, 2011

Pramugari jowo

"PRAMUGARI MOJOPAIT ER"

"Sugeng enjang kagem panjenengan sedaya...

Nek mengko matane pedes, opo kupinge budheg, emplok kembang gulo yo...

Mengko ben awakmu slamet, tulung dimatke kene, piye carane masang sabuk keselamatan, piye nguncine ben ora ucul, ben kenceng, ngene iki carane nguculi...

Klambi plembungan ana nang ngisor kursi awakmu, ojo dinggo disik, ngenteni Pakdhe Kapiten menehi woro2 kuwi ojo mbok pindah2 lho, opo maneh digowo muleh, nggo mbok pajang nang ruang tamu-mu, opo maneh dienggo mbok-mu, timbangane tak kampleng kowe, dong ora ?!

Kuwi nganggo klambi plembungan'e, lebokne lewat gulu, kuncinen sabuk nang ngarepan' ojo kekencengen, engko kowe bingung ora iso ambegan kuwi iso mbok dhamu, sing penting ababmu ora mambu...

Ben iso kemambang nang mbanyu, tarik en cenul2 warna abang jambu bol kuwi eling, tariken nek wis nang njobo pesawat, nek nang njero wis mlembung gede, lawange ora cukup, ndak mengko ming temangsang...

Nek meh metu seko pesawat antri yo, baris koyo bebek, bis kolobis kuntul baris...

Nek ambegane wis mulai angel, masker oksigen tibo dewe seka nduwur sirahmu, kop rupane kuning2 kuwi nggonen sak uwong siji lho, ojo rayahan, ngisin2i...

Kertu petunjuk darurat ana nang dlesepan ngarepmu,wacanen rasah diapalke mengko isoh edan kowe?!

Ngono sek yo Simbah, Pakdhe, Budhe, Paklek, Bulek, Mas, Mbak, Tole, Genduk, ojo do celelekan!!!

O iyo... Nek meh moco2 penceten cenul2 nang nduwurmu kuwi nggo nguripke lampu. Mudeng to?!".
Sent from my ChaiyoBerry®

No comments:

Post a Comment

Monggo..
silahkan di isi komentarnya..
Siapapun boleh, en gak di gigit balik kok..