Tuesday, April 12, 2011

Kathokan

Bis Baker jurusan Wonosari mandeg neng Pasar Piyungan. Ana simbah-simbah mudhun ngulungne ongkos neng kondektur.
Kondektur "mBah.. Niki ongkose kirang …!
Si mbah : "Kurang kepriye?"
Kondektur: "Nggih jelas kirang... mosok namung mangatus niki?."
Si mbah : "Lho.. mau ono bocah mbayar sewu mangatus, terus ono sing mung sewu?".
Kondektur: "Mbahe... Lare sing kathok clono abu-abu wau lare SMA mbayar sewu mangatus, sing kathokan pendek biru wau lare SMP mbayar sewu,"
Si mbah: "Lho nek ngono kudune aku ra mbayar.."
Kodektur: "Lha mboten mbayar pripun?"
Si mbah : "Iyo no... lha wong aku ra kathokan...
Sent from my AXIS Worry Free BlackBerry® smartphone

No comments:

Post a Comment

Monggo..
silahkan di isi komentarnya..
Siapapun boleh, en gak di gigit balik kok..