Friday, September 23, 2011

Banyumasan

Pengantar pramugari pada saat penerbangan di Banyumas Air "pramugarinya pake bahasa banyumasan , begini nih : Dulur dulur penumpang, sedela maning motor mabur arep mangkat. Sedurunge inyong karo pramugari liyane arep nidokna cara cara ngadepi kahanan darurat. Klambi plembungan ana nang dlesepan ngisor korsi, dinggo nek montor mabur mandek nang nduwur banyu. Carane jikot klambi seka dlesepan terus dinggo, tarik taline ben klambine mlembung. Pipa karet di damu ben lampune kelap kelip dadi bisa dideleng seka kadohan. Klambi kuwe aja dicolong atawa digawa balik, nek konangan bisa ditempiling. Montor mabur kiye dilengkapi nem lawang, loro nang ngarep, loro nang cewiwi terus loro maning nang buritan. Nek pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu dewek masker oksigen seka loteng. Nek masker mecotot, gageyan dinggo, ambekan kaya biasane, aja ngos-ngosan, marakna liyane pada wedi. Semono pengumuman seka inyong, nek arep maca majalah apa koran, kuwe ana nang dlesepan kursi ngarepe rika kabeh. Nek arep nguyuh, kakuse nang mburi. Aja nguyuh mbari udud nek konangan ditempiling. Aja nguyuh ning kakus ngarep, kae kakuse wong sugih. Wis lah, cangkeme kesel, moga moga slamet waras bisa mudun maning. Kaya kuwe..
Sent from my ChaiyoBerry®

No comments:

Post a Comment

Monggo..
silahkan di isi komentarnya..
Siapapun boleh, en gak di gigit balik kok..