Sunday, April 3, 2011

Nasi goreng

Rmh Mkn masakan Indonesia di Jepang.

Pak De lungguh adep adepan karo BuDe..

Waiter'e robot.

Robot teko nyedakki pak de, trus ngomong :

"What is your nationality?", robot takon.

"Indonesia" jare PakDe.

"Selamat datang", jare robot nganggo bahasa Indonesia.

"Apa bahasa suku Anda?", robot takon meneh.

"Jawa", jare PakDe

"Sugeng siang. Badé pesen nopo?" Jare robot nganggo boso jowo.

"Canggih yo bu", PakDee ngomong karo BuDe.

"Ono lotek?", ibune takon karo robot.

"Ono"

"Pesen rong porsi"

"Porsi gede opo cilik?

"Porsi gede"

"Lombok e piro ?"

"Sing siji loro, sing siji sepuluh"

"Nganggo kangkung?"

"Yo"

"Nganggo timun?"

"Yo"

"Nganggo kol?"

"Yo"

"Nganggo kol jowo opo kol asli jepang ?"

"Sing endi wae lah manut ", PakDe wis rodo nesu.

"Kacange di uleg opo di blender ?"

"Kuarepmu !"

"Kacange setengah mateng opo mateng?"

"Goréng sing gariiiiiiing..!!"

"Nganggo bawang goreng rak ?"

"Nganggo..., asu !" Pak de misuh banter banget.

"Dipiring opo dipincuk ?"

"Dipiring !"

"Lengone nganggo margarin opo minyak kelapa ?"

"Jelantah.... wedhus!! !" Nesu banget soale wis sepuluh menit dewe..

Robot meneng, lampune byar pet ketap ketip koyo'ane lagi di proses.

Kiro-kiro telung menitan robot'é ngomong meneh :

"Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso di sugohke"

"Nopo ? Aku wis ngenteni suwe banget, tanya-jawab karo koe , kok rak iso nopo to ndes?", jare PakDe emosi

"Soale durung ono asu'ne karo wedhus'e ……….."

"Djancuuuk...Iso edian aku ! Ayo bu lungo, rak usah nguntal neng kene !!!", PakDe nggondhok...=D
Sent from my AXIS Worry Free BlackBerry® smartphone

No comments:

Post a Comment

Monggo..
silahkan di isi komentarnya..
Siapapun boleh, en gak di gigit balik kok..