Thursday, February 23, 2012

Bakul

MACEM MACEM-E BAKUL :
1. Bakul sing senengane mbujuk iku Bakul Roti, jare dodol ROTI TAWAR tapi rotine gk iso di tawar blasss
2. Bakul sing paling nekad iku Bakul Gas,angger liwat dalan joglogan mesti tetep mbengok GAAASS..GASSS..gak tau mbengok Reeemm... reemmm ...
3. Bakul sing kurang gawean iku Bakul Sego Goreng,la wong sego..wes mateng la opo kathik di goreng goreng maneh ???
4. Bakul sing gak jelas iku Bakul Iwak, wong iwak wes mati kok jarene jik seger
5. Bakul sing pantang menyerah kui Bakul Bubur, mosok nasi wes dadi bubur yo jik tetep di dol ae
6. La nek Bakul sing paling setia lan sayang istri kui Bakul Bakso, masio bakulane wes entek laris, tapi mesti tetep nyisakno penthol loro digawa mulih...:D !!
Powered by Chaiyoo®

No comments:

Post a Comment

Monggo..
silahkan di isi komentarnya..
Siapapun boleh, en gak di gigit balik kok..