Saturday, January 29, 2011

Tidak berkepribinatangan...

"Pak Joko, aku tuku rinso ne",

"Gawe opo mbah..?"

"Kucingku keno lumpur, kate tak umbah...." Jare mbah Cukluk..

"Mbah, sampeyan iki aneh-aneh ae, yo mati kucing sampeyan, kucing kok di umbah ambek rinso?", jare pak Joko.

Tapi si mbah tetep mempeng ae..

Singkat crito, pak joko tetep ngedoli rinsone..

Mene isuk, si mbah teko maneh nang tokone pak joko...

"Yok opo kucing e sampeyan mbah ?",

"Kucingku mati, " jawabe si mbah.

"Lha, temen tho ? Sampeyan iki diomongi ora ngandel, gak iso kucing diumbah rinso iku mbah...."

"Tapi kucingku iku mati dudu mergo tak umbah rinso, wong mari tak umbah isik urip kok...."

"Lha terus, matine opo o??" takone pak joko.

"Tak peres......" #:-s X_X=))
Sent from my AXIS Worry Free BlackBerry® smartphone

No comments:

Post a Comment

Monggo..
silahkan di isi komentarnya..
Siapapun boleh, en gak di gigit balik kok..